ASAL MULA DESA TAPEN, KERTOMULYO MARGOYOSO BASA JAWA
Biyen
kuwi ana penduduk desa wedok kang urip dhewe
ning daerah terpencil asmane yaiku Saniyah kerep diceluk Mbah Sani.
Ing
sawijining dina, wayah Mbah Sani lagi napeni
Beras nganggo tampah. Liwat rombongan pengelana. Rombongan pengelana mau
taken marang Mbah Sani.
Rombongan pengelana : ‘’ Nuwun Nyai, Niki naminipun daerah pundi
nggeh??” .Terus Mbah Sani mangsuli
Mbah Sani
: “Daerah niki dereng wonten Naminipun Kisana”. Terus Pengelana mau taken meleh
Rombongan pengelana : ’’Nyai kaliyan sinten ing mriki??” . Mbah
Sani mangsuli .
Mbah Sani :
” piyambakan kisana”
Rombongan pengelana : “Nyai nembe Nopo kuwi?”
Mbah Sani :
“Niki nembe Napeni beras Kisana”
Rombongan pengelana : “Oh, Yen ngoten mbok menawi mbesok ning
daerah mriki rame dalan saget di asmani Daerah TAPEN amargi menika Nyai kulinten napeni beras ing daerah mriki.
Terus soyo temenanan. dangu kedangon daerah mriki rame
lan dadi pemukiman desa. Terus Mbah Saniyah kelingan marang welinge pengelana
mau. Terus Mbah Saniyah njenengi daerah
kuwi desa TAPEN. Lan Mbah Saniyah dados Danyang
Kepala Desa pertama sisan dados Danyange Tapen.
SELESAI